Kuwatir Ketularan

Cerkak Warisman (Kedaulatan Rakyat, 04 September 2020)

Kuwatir Ketularan ilustrasi Joko Santoso (Jos) - Kedaulatan Rakyat (1)
     Kuwatir Ketularan ilustrasi Joko Santoso (Jos)/Kedaulatan Rakyat

AKU weruh saka kadohan mau esuk Mas Pur dipethuk Tim Gugus Tugas Covid-19 Kecamatan lan Kelurahan sarta ambulans Puskesmas banjur digawa menyang rumah sakit. Tim Gugus Tugas dumadi saka maneka warna, klebu Koramil lan Polsek. Mas Pur dadi kaya pejabat numpak ambulans sing ngiringake Gugus Tugas.

Sadurunge Mas Pur wis ana warga liyane ing pedhukuhanku sing ketaman virus Korona kuwi. Jenenge Herman. Dheweke wis mulih saka rumah sakit saiki mbacutake isolasi mandiri ing ngomah. Herman uga kaya Mas Pur, dipethuk Gugus Tugas. Herman 10 dina isolasi ing rumah sakit.

Marga Mas Pur dudu wong sepisanan sing ketaman, swasana pedhukuhan tetep adhem ayem. Ya mung saiki dalan ngarep omahe Herman dadi sepi, wong-wong dha nyingkiri sumelang ketularan. Lan pandugaku dalan cedhak omahe Mas Pur uga bakal melu sepi. Swasana pedhukuhanku uga banjur nyenyet. Bocah-bocah padha ora wani dolan ana njaba, luwih-luwih sing cedhak omahe Herman lan Mas Pur.

Dina candhake, aku lagi manasake motor ana ngarep omah, lha kok weruh regudugan tangga-tanggaku. Sing ana ngarep dhewe Budianto. Aku namatake, bul arahe menyang omahe Herman. Mesin takpateni, motor takunggahake teras, karo nggegem HP aku nututi wong sing pating regudug gunggunge watara wong 10.

“Hermaaan… metu! “ bengoke Budianto ana ngarep omahe Herman.

Budianto mbengok ambal kaping telu. Herman lan Pak Karman, bapakne, metu ngadeg ana teras. Sakarone nganggo masker.

“Pak Purwoko ketaman Korona, mesthi marga ketularan kowe. Mula supaya ora nulari liyane maneh, becike kowe lunga saka desa kene, “swarane Budianto santak.

“Hiya lunga… lunga,” liyane nyambungi.

“Kosik Bud, aku wis sesasi ora kepethuk Pak Pur, lha dheweke rak tugas ana luar daerah? Ya ora nalar yen aku sing nulari,” wangsulane Herman.

“Nanging Pak Pur wis seminggu mulih mbarengi kowe mulih saka rumah sakit, bisa wae virus-e kabur angin tekan nggone Pak Pur,” kandhane Budianto.

“Iya virus-e rak ora ketok,” wong-wong liyane nyambungi.

Aku mung meneng nyawang saka kadohan. Maune sing ndelok saka kadohan mung aku, nanging banjur wong liya pating njredhul ana papanku ndelok. Ora padha nyedhak, sajake wedi ketularan.

“Aku makili warga kene njaluk kowe lunga supaya ora nulari. Aja kesuwen becike saiki uga,” kandhane Budianto kanthi wirama isih kenceng.

“Warga endi sing diwakili? Buktine apa? Pak RT ora nundhung, Pak Dhukuh ya ora nundhung. Kejaba kuwi protokol-e aku isih kudu isolasi patang dina maneh,” wangsulane Herman.

“Aja mbulet, cekake kowe kudu lunga saka kene mundhak nulari liyane.” Budianto tetep kenceng.

“Iya ndang lunga.” Wong-wong sing bareng Budianto nyambungi.

Swasana dadi panas. Aku bingung becike kepriye. Yen ana apa-apa aku mesthi dadi seksi. Saka panemuku Budianto kleru yen nundhung Herman. Upama nundhung rak kudune sing duwe wewenang Pak RT lan Pak Dhukuh.

Ya nalika aku lagi bingung kuwi, Pak Dhukuh lan perawat Puskesmas, teka njujug latar omahe Herman. Kasusul njedhul petugas saka Polsek.

“Karepmu kepriye, Bud? Kudune rak rembugan dhisik karo aku,” kandhane Pak Dhukuh.

Petugas saka Puskesmas banjur menehi katrangan marang wong-wong kuwi. Wis ditlusur Mas Pur olehe ketularan ana ing luar daerah. Waton aja kecedhaken, watara rong meter omong-omongan aman ora ketularan. Apamaneh yen padhadene nganggo masker. Nanging tetep kudu ngati-ati marga akeh sing katon sehat senajan wis ketaman Covid-19. Kejaba kuwi aja lali sregep wijik nganggo sabun. Mangan sing ngandhut gizi lan olahraga.

“Boten nggrombol kaya niku gampang ketularan. Pun saniki bubar mawon, maskere diagem, “ kandhane perawat kuwi.

Budianto lan kanca-kancane meneng wae. Kalah perbawa, banjur klunuh-klunuh ngajak kancane lunga. Pak Polisi lan Pak Dhukuh banjur ngeyem-eyemi kulawargane Herman. Sawise kuwi njaluk pamit. Pak Dhukuh kober noleh marang aku, manthuk lan ngathungi jempol.

Aku uga melu lunga mulih ngomah. Rumangsaku Budianto kuwi aneh-aneh. Tekan ngomah aku banjur menyang kamar mandi arep adus. Nanging ana njero kamar mandi aku krungu greneng-grenenge wong ing kebon mburi omahku. Aku nginjen liwat rooster. Lho kok Budianto karo Suharno wong kidul desa.

Aku ora pati cetha apa sing dirembug wong loro kuwi. Mung aku kelingan, Suharno karo Herman tau rebutan Tuti. Nanging Tuti milih Herman arepa Suharno sugih. Pancen Herman lan Tuti durung dadi manten, nanging kulawargane wis canthel rembug. Kari ngenteni wektu. Yen ngono kedadeyan mau… dhalange…?

Rampung adus aku nyandhak HP jebul ana WAsaka Pak Dhukuh.

“Matur nuwun, Pak. Tujune wau penjenengan enggal nilpun kula dados boten wonten kedadosan,” tulise Pak Dhukuh. ❑ ***

 

Ngayogyakarta Agustus 2020

Arsip Cerpen di Indonesia