Cerkak Rita Nuryanti (Kedaulatan Rakyat, 01 Oktober 2021)
“WIS turu.”
Aldi nglirik Beti kang nglinteg ing jejere. Ayem. Kaya padatan, sawise Beti nuju alam pangimpen, Aldi nuli mindhik-mindhik menyat saka paturon, ora lali nyangking hape kang tan ginggang saka awake. Lon-lonan, aja nganti nuwuhake suwara. Ruang kerja kang dijujug.
Lawang dikunci. Srog! Awak dibanting ing sofa. Leyeh-leyeh, nedya nunul dolanan hape. Ya ing ruang kerja iki Aldi bebas nyuntak jeroning rasa klawan Selfi, sekretaris anyar ing kantor, apadene matengke rembug klawan para relasi kang nedya nglancarake lobine marang dhirektur.
“Lho…, lho! Priye iki? Aneh! Geneya mati pet! Kelip sithik wae ora!” Aldi ngumun tekan mbun-mbunan. Hape sepuluh yuta kang durung ganep setaun iku, sakeclapan wae ora ana tandha bakal urip. Ngendi-ngendi dipenceti, didhogdhog, nanging tetep ireng, peteng ndhedhet lelimengan.
“Kojur, aku!” Kringete Aldi brol-brolan nelesi saranduning badan. Awak anyep, pikir kuwur, pating tremplek rasa was sumelang.
“Wadhuh! Mati, aku!” Sakehing pambudi ora kasil, wusana Aldi thenger-thenger. Sakkal awake lungkrah, balung kaya dilolosi. Pangangene peplayon, mbaleni lelakon sadurunge bali saka kantor. Glenikan karo Selfi, nyawurake amrik wangine kembang katresnan kang satemene sinengker pepalang. Mangkonowa rasa mau teka ngono wae, tanpa bisa kacandhet apamaneh dibubarke karana wis duwe kulawarga dhewe-dhewe.
“Upama bisa muter wektu, mbok menawa bakal seje critane!” Budhalan kantor, Aldi nyedhaki Selfi kalane kanca liya wis menyat saka papan lungguhe.
“Ana cinlok, cinta lokasi, kaya artis-artis kae ya? He he…,” Selfi lendhotan aleman ing pundhake Aldi.
Eman, hapene Aldi muni. Kasigeg sawetara kanggo mangsuli kang celuk-celuk lumantar tilpun.
“Pak Bani? O…, inggih… inggih! Mangke dalu jam sanganan tilpun malih kangge ngatur murih amane!”
“Sapa?” pitakone Selfi sawise Aldi mateni hape.
“Pak Bani. Biyasa, golek dalan ben gemblindhing urusan.”
“Aku diciprati, lho!”
“Beres! Gaji untuk istri, bonus untuk Selfi! Ha ha ha…!”
Wong loro cekikikan, ngumbar bungah kinancan reridhune setan.
“Wallah, bojoku wis njemput, Al! Disambung mengko bengi ya!” Selfi ngendheg guyu, jumangkah metu. Aldi nunggu sawetara, murih ora kawistara lan bojone Selfi ora cubriya.
Aldi meneng, mbayangake praenan lan solah bawane Selfi kang gawe yungyun setengah mati.
“Mas…, Mas Aldi! Njenengan apa ana njero?” Keprungu pambengoke Beti sinambi nothok lawang. Aldi gragapan.
“Iya…, iya!” Age-age jumangkah mbukak lawang.
“Kok ndadak dikunci ta, Mas?”
“Mau ki sakjane Pak Dhirektur arep paring dhawuh, nanging ana tamu banjur ndhawuhi aku jam sanga supaya tilpun. Merga urusan penting, lawang takkunci, mbok-mbok sliramu mlebu kepengin ngesok kangen apa piye.” Aldi mbuwang esem.
“Tilpune pirang jam, Mas? Iki wis tengah wengi lho!”
“Tilpun apa? Hape mati ti, bregegeg ora urip. Dadi keturon iki mau!”
“Njur?!”
“Ya embuh, muga-muga ora tampa duka.”
***
Dhog tekan kantor, Aldi dipapag ulat peteng dening Selfi. Aldi nglengganani. Jurus rayuan maut ditamakke, wusana Selfi luluh banjur ngecipris, ilang mbedhegele.
“Aku ki mangkel tenan, lho! Bojoku tugas bengi, sire takjak chattingan apa saderma nongkrong ing angkringan malah WA ora dijawab, tilpun ora diangkat!”
“Aja ngawur! Hapeku mati klesed tanpa sakaratul maut.”
“We…, lha! Pitenah melek-melekan yen iki!”
Sat-set Selfi mbukaki hape, dituduhake chatting-ane klawan Aldi. Kabeh centhang loro, biru pisan. Jlentrek-jlentrek akeh, mung tulisane Selfi. Aldi blas, ora mangsuli.
“Arep selak? Iya?!” Aldi ngukur sirahe kang ora gatel.
“Yakin, sumprit! Iki yen ora percaya!”
Aldi ngulungake hape. Selfi pencat-pencet nanging pancen mbegegeg, blas ora ana reaksi. “Lho, kok aneh ya?”
“Aldi! Kaya ngono pokalmu sasuwene iki!” Durung nganti Aldi wangsulan kedadak rawuhe Pak Dhirektur mamprang-mamprang. “Katone alus, jebul kebak wisa!”
“Nyuwun pangapunten Pak, wonten menapa, kula kok dereng pana.” Aldi ndhredheg, wel-welan. Selfi mendlep, ora wani nyawang.
“Ora perlu kumbi! Merga Pak Bani tilpun ora kok angkat, dadi takon aku langsung. Aku dadi ngerti yen kowe nyathut jenengku kanggo ngapusi relasi! Tinimbang ilang kesabaranku, saiki mulih kana! Tunggu, priye nasibmu!”
Kaya Baladewa ilang gapite, Aldi nglentruk menyang parkiran. Panyawange nunjem bumi, ora wani nyawang kanca-kancane kang mesthi wae padha ngece. Ati buneg pikiran judheg. Yen mulih mesthi dadi paran pitakonane Beti, tibaning pilihan menyang Asricell, servis hape.
“Mati napane, Mas? Niki, kula senggol men, byak! WA pating brubul ngaten kok! Sekedhap…, panjenengan menika aneh, mosok wonten kanca dijenengi hape. Juragan hape, napa? Chatting-ane nyleneh!”
Dheg! Aldi kaget. “Mesthi ana sing ora beres,” batine. “Pundi, Mas!” Hape dijaluk, dibukak. Ora tinenu nalar, ana kontak jenenge hape.
“Bener aku mung barang mati, nanging suthik dadi seksi bisu tumindakmu. Luwih becik mati salawase tinimbang nyipati pekerti kang njejemberi. Tobata, yen ora kepengin dipecat tanpa pesangon. Kulawargamu? Apa isih suthik yen ngerti kelakuanmu?
“Aku tobaaaaaaaatttttttt…!!!!!” Aldi mbengok sarosane. Dibolan-baleni tanpa maelu wong-wong padha rubung, pengin ngerti kang satemene dumadi. ***
.
.
(Puri Handayani, 130921)
.
.