SABEN-SABEN motor tuwa kang isih setya taktumpaki saben dina, arep entek bensine. Mangka saiki wis diganti pertalite utawa pertamax, nanging kebacut dijenengke bensin. Aku mesthi ngisi bensin eceran, ana dalan protelon sakulon kantor kabupaten kuwi. Sing dodol simbah kakung putri.
“Saniki sing disade eceran namung bensin pertamax, Mas,” kandhane nalika ana aturan anyar menawa bensin lan pertalite ora kena dikulak saperlu diedol eceran.
“Inggih, mbonten napa Mbah,” semaurku nalika ngisi bensin pertalite kuwi.
“Ngisi pinten niki,” pitakone.
“Pun biyasane mawon, setunggal. Pinten per litere saniki,” genti pitakonku.
“Sedasa ewu,” piterange karo ngesok bensin ing tangki motor.
“Nggih, mboten napa pun regi umume kemawon pinten,” kandhaku karo ngulungake dhuwit pecah limang ewuan loro.
Wiwit iku aku dadi penasaran. Kepengin mangerteni sapa sejatine simbah sakloron kang isih katon kiyeng lan katon rukun kasebut. Amarga menawa ndaktoleh, nalika liwat dalan ngarepe mbeneri ora tuku bensin, anane yang mung wong loro iku. Banjur ana ngendi anak-anake utawa putu-putune. Katone kang tuku bensine ya akeh.
Mula nalika ana kalonggaran wektu, lan mbeneri tuku bensin, aku banjur merlokake pitakon.
“Kok tansah ngedoli piyambak ta, Mbah. Lha putra-putra utawi wayah sami dhateng pundi?” pitakonku.
“Oalah, Mas. Kula mboten punparingi momongan, napa malih wayah.” Suwarane rada groyok sajak katon sumedhot sedhih.
“Pangapuntenipun, Mbah. Menawi mboten dados kersane,” sautku.
“Mboten napa, Mas. Kula sampun trimah, kula pupus klawan eklas menapa peparingipun Gusti.”
“Lha menapa mboten mundhut putra pupon?” Pitakonku kayadene wartawan nakoni marang narasumber kang terus ngoyak kae.
“Rumiyin nate, malah ngantos kaping kalih.”
“Lajeng sapunika wonten pundi.”
“Sami mboten krasan. Lajeng wangsul dhateng tiyang sepuhipun piyambak-piyambak. Duka, kamangka nggih punkula rengkuh kados dene anak kula piyambak.”
“O, nggih. Lajeng niki, saged nyade pinten liter saben sedintenipun?” Aku ngalihake pirembugan.
“Nggih mboten temtu. Menawi pitu gangsal nggih mesthi,” piterange.
Batinku menawa saben liter bathi sewu rupiah. Ateges bisa antuk bathi pitung puluh lima ewu rupiah saben dinane. Upama payu satus liter, satus selawe liter utawa satus seket liter. Ya mung kari ngepingake sewu rupiah.
“Pun kula isi kalih niki, Mas,” kandhane ngagetke penganenku sing dadi temlawung adoh pengin dodolan bensin yen wis pansiyun.
“O, nggih kalih dasa, ta? Mangga, Mbah,” kandhaku karo ngulungke dhuwit lembaran rong puluh ewu.
“Kok ngantos sonten niki nembe kondur?” pitakone genti.
“Nggih niki wau wonten damelan ndadak kedah dirampungke,” wangsulanku waton.
“Menawi ngaten niku punetang lembur nggih, Mas. Lha rak kathah asil lemburane.”
“He… he… he… nggih Mbah pangestunipun,” semaurku karo mesem kecut kanggo nyenengke atine.
Ya wiwit omong-omongan pitepungan iku, aku dadi salah sijine pelanggan tuku bensin. Banjur arang tuku ana SPBU. Pamrihe merga sithik-sithik bisa karo mbiyantu menehi rejeki marang wong liya. Utawa bage-bage rejeki. Bareng dadi pelanggan, aku ngerti yen asmane Mbah Trima, nalika enom jenenge Slamet. Umure bener pangiraku, kaya kang katulis ana KTP, pitung puluh pitu taun. Dene Mbah putri umure pitung puluh lima taun. Jeneng enome Srirahayu. Nanging pancen isih katon sehat. Malah sing kulakan bensin ya Mbah Kakung dhewe. Nganggo pit montor, jrigen isi bensin diwadhahake krondho kiwa-tengen.
Gandheng wis pirang-pirang dina aku ora mlebu kantor merga anane aturan work form home (WFH) utawa nyambut gawe saka omah, esuk iku nalika aku liwat dalan protelon kulon kabupaten, kios bensine Mbah Trima katon tutup. Dina candhake uga tutup. Aku tambah penasaran. Omahe kang ana mburi kios uga tutupan rapet. Sepi.
Dina kaping telu nalika aku liwat dalan ngarepe, takmenke mandheg sawetara ana ngarep omahe. Gandheng ora ana wong wing, aku banjur pitakon ana warung kelonthong salore kios bensin.
“Bu, nyuwun pirsa kok kios bensine Mbah Trima kadose pun pinten-pinten dinten tutup. Wonten napa, nggih?”
“Lho napa dereng ngertos ta, Mas?” pitakone.
“Dereng, lha wonten napa, nggih?” Aku dadi penasaran.
“Seminggu kapengker, Mbah Trima sekaliyan sami isolasi mandiri (isoman) amargi positip korona. Nanging lajeng tilar donya. Pun kubur dening para relawan saking desa,” piterange.
Aku mung bisa ngucap Innalilahi wainna ilaihi roji’un, sedhih. Muga seda husnul khatimah, pandongaku. Karo ninggalke warung kelonthong salor kios bensine Mbah Trima, sing sepi. ***