Cerkak Sumarno (Kedaulatan Rakyat, 04 Maret 2022)
SRENGENGE lagi wae angslup ing langit iring kulon, wayahe repet-repet candhikala. Ki Rejo wus tekan ngomah, sawise sesore bendhe ngarit suket ing sawah. Dheweke banjur reresik awak ing mburi. Tumrap wong tani, racake padha duwe ingon-ingon rajakaya.
Ki Rejo dhewe ngingu sapi cacah loro. Sapi loro kasebut saben dina diritke suket, kadhangkala dipakani damen, rendeng, tebon, kalanjana, utawa gegodhongan ijo saka kebon. Senajan klebu wus ora enom maneh, taun iki Ki Rejo ngancik umur pitung puluh loro taun, ananging babagan tandang gawe isih cukat trengginas.
Saben dina ngarit suket diwadhahi kranjangan banjur disunggi digawa mulih. Nalika ungsum gaweyan sawah, nglawet, ndhaut, mbanjari, utawa ngepalani tandur, ora kalah tandang gawene karo nom-noman jaman saiki.
Semono uga nalika ungsum panen, Ki Rejo asring melu rombongan derep panen pari. Apamaneh jaman saiki angel golek tenaga derep, rombongan derep Ki Rejo kelarisan nganti antri-antri anggone nampa derepan.
“Wite lombok sawah lor ndesa wus kelep, Pakne. Iki mau dakbedholi,” guneme Nyi Rejo njedhul saka pawon karo nggawa wakul isi sega.
“Isih ngawoh ora?” pitakone Ki Rejo.
“Ki mau udakara sepuluh kilo ya isih ana, langsung dakterke nane bakule Sarwo, mumpung isih payu, sekilone sewidak ewu,” wangsulane Nyi Rejo karo njupuk besi isi jangan bekothok mbayung.
“Ya sokur nek isih payu, Bune.”
“Iya, untung wae panen wingi kae awake dhewe menangi rega apik, Pakne. Sekilo tekan satus ewu.”
Ki Rejo nyidhuk sega ing wakul karo manthuk-manthuk. Anggone dodolan lombok pancen ngepasi rega dhuwur. Ora kurang dhuwit limalas yuta kecekel ing tangan saka panenan lombok.
“Idhep-idhep nggo ijol le nandur pari. Nandur pari jaman saiki ora bebathen. Lha piye, reregan rabuk larange ora umum, kosok baline rega gabah murah. Babar blas ora jebul,” batine Ki Rejo nggresula.
“Nanging wong tani mono, nandur pari ancase ora arep didol, nanging kanggo kabutuhan mangan saben dinane. Mula bab untung rugi, ora patiya dipikir. Wong tani menawa nyandhing panenan gabah rasane ayem, cetha ora bakal kaliren.”
“Sambel jenggote dientekke, Pakne.” Krungu swarane Nyi Rejo gawe cabar lamunane Ki Rejo.
Awan kuwi wayahe bar bedhug. Ki Rejo wus ngangsah arit lan nyepakake kranjangan sedya mangkat ngarit suket ing sawah. Nyi Rejo uga arep mangkat arisan panggonane Pak RT, Ngahad Kliwonan. Durung nganti budhal du[1]madakan keprungu swara uluk salam.
“Kula nuwun.” Krungu swara cemengkling sawijining kenya.
Nyi Rejo mbukak lawang ngarep,”Mangga…”
“Badhe pinanggih Bapak, wonten?” Jebul ana pawongan telu wus ngadeg sangarep lawang. Kenya ayu kang uluk salam diampingi wong lanang loro, sing siji dhuwur nganggo kacamata, sijine cendhek nganggo topi.
“Eh wonten. Pakne… Pakne… iki ana tamu!” celathune Nyi Rejo sora ngundang guru lakine kang isih ubet ing mburi.
“Mangga… mangga…” Ki Rejo njedhul manggakake tamune.
“Dados mekaten, Bapak. Kula mriki niku badhe andum hadhiyah…,” guneme pawongan dhuwur nganggo kacamata sawise lungguh ing ruwang tamu.
“Hadhiyah?” pitakone Ki Rejo semu gumun, semono uga Nyi Rejo.
“Sampeyan asring ngunjuk kopi?” pitakone kenya ayu. Ki Rejo manthuk.
“Cobi kula ngampil bungkusipun,” panjaluke kenya iku.
“Jajal golekna neng pawon, Bune,” prentahe Ki Rejo marang sisihane.
“Isih ora bungkuse ya, Pakne….” Nyi Rejo mlebu pawon. Pawongan lanang loro nututi mlebu pawon.
“Nah, niki wonten,” swarane salah siji pawongan karo nggawa bungkus kopi diwenehake kenya ayu kang nunggu karo Ki Rejo ing ruwang tamu.
“Wah, sampeyan begja kemayangen niki. Dados niki sampeyan pikantuk arta gangsal yuta rupiah menawi saged nedahaken bungkus kopi menika.”
Ki Rejo lan Nyi Rejo pandeng-pandengan karo mesem sajak bungah atine krungu katrangane kenya ayu kasebut.
“Sampeyan kepengin tambah arta gangsal yuta malih mboten?” pitakone kenya iku karo ngetokake buntelan amplop coklat.
“Lha inggih,” jawabe Ki Rejo cekak.
“Menawi kepengin, sampeyan kedah mundhut kopi ingkang kados menika cacah sedasa bungkus wonten wande,” kandha mangkono kenya iku karo ngulungake dhuwit atusan ewon salembar marang Ki Rejo.
“Wah, menawi wande sacelak mriki mboten wonten kopi menika?”
“Kedah pados wande ingkang wonten,” wangsulane kenya iku.
“Wis aku wae Pakne sing mangkat golek kopi.” Nyi Rejo njaluk dhuwit atusan ewon kang dicekel Ki Rejo.
Ditinggal mungkur Nyi Rejo, kenya ayu aweh werna-werna pitakon marang Ki Rejo. “Wonten dalem namung tiyang kalih, Bapak?”
“Lha inggih.”
“Sampun dangu ngunjuk kopi?”
“Nggih sampun sawentawis dangu.”
Ki Rejo katungkul mangsuli pitakon-pitakon kenya ayu kang ngambra-ambra, lena ora maspadakake ana pawongan loro sesidheman mlebu kamar banjur nggledhah lemari.
“Nyuwun pangapunten, Bapak, wekdalipun sampun telas,” celathune kenya ayu sawise weruh pawongan loro metu kamar karo ngedhepake mripat.
“O nggih, lajeng pundi hadhiyah kangge kula?” pitakone Ki Rejo.
“Sampeyan mboten siyos pikantuk hadhiyah, sebab anggenipun mundhut kopi kli[1]wat wekdalipun.”
“Lho??”
Durung nganti entuk wangsulan, pawongan telu wus mlaku rikat ninggalake Ki Rejo.
“Lajeng arta setunggal atus ewu wau?”
“Kangge sampeyan mawon, Bapak,” wangsulane kenya ayu sora saka plataran. Ing pojokan dalan, wus ana mobil kang ngenteni lan pawongan telu iku gage mung[1]gah mobil. Lungane mobil bareng karo tekane Nyi Rejo.
“Kopine wis oleh, Pakne….”
Napase Nyi Rejo krenggosan nyenen-kemis. Ki Rejo wis ora patiya nggape tekane Nyi Rejo. Dheweke memburi, arep nyidakke mangkat sawah ngarit.
Nyi Rejo kang isih semu gumun weruh ulate guru lakine lan tamune kang wus ora ana, banjur mlebu kamar. Kayangapa kagete nalika nyumurupi kahanan kamare pating blengkrah, sandhangan pating glarah, lawang lemari menga sajak mentas digledhah.
Nyi Rejo cubriya banjur mbukak laci lemari kang kanggo nyimpen dhuwit dodolan lombok. Weruh laci wus kothong ora ana dhuwite, dheweke mbengok sora.
“Pakneeeee…!” ***
.
.
(Kahyangan, Februari 2022)
.
.
Cerkak Kapusan karya Sumarno sebelumnya terbit di Kedaulatan Rakyat edisi Jumat, 04 Maret 2022.
.
.